Oktober 19, 2021

IMBICOM

Tulisanmu Suaraku Suaramu Suara Kita

Cerpen Bahasa Jawa (Cerita Cekak): Cetha Disengaja Catu Dadi Nyata

Cetha Disengaja Catu Dadi Nyata
Liwat angin sore, titip
kangen ing ati
mung pangapurane, durung biso nemoni
Iku mau mung sakelebat lirik lagu kang nembangake rasa kangenku marang dheweke. Dheweke sing tak anti – anti bisa sesandingan bareng. Duh Gusti, apa iki sing jenenge rasa katresnan. Saben bengi ora bisa turu mung kelingan marang slirane. Saben ndeleng cahyane rembulan mung kelingan marang eseme. Nanging punapa kudu dheweke? Wong kang mung bisa dak sawang saka adoh. Wong kang mung bisa dak rasa saka crita. Sayup – sayup mripatku mulai abot, alon – alon mripatku nutup lan mung katon peteng.
Dina iki pancen, dina paling mujur ing uripku. Wong kang bisa dak sawang saiki ning ngarepku lan guyon bareng aku. Ora bisa dak critakake kepriye rasane? Bungah temen atiku dina iki. Akhire kahanan sing tak anti – anti saiki dadi nyata. Wong kang mung dadi pangarep – arep saiki bisa sesandingan. Sawise dina iki, aku tambah cedhak karo dheweke. Dheweke sing mulai saiki nduweni panggon ning atiku. Crita bareng, guyon bareng, lan nulis endahing kekancan. Kabeh iku gawe aku kangen yen ora bisa nyawang eseme. Apa maneh yen saben kanca ngerti aku lan dheweke bebarengen, kanca – kanca ngira yen aku lan dheweke wes njalin katresnan. Nanging aku ora bisa ngapusi atiku dhewe yen aku mulai percaya lan nduweni ati marang dheweke. Duduk saka wajahe nanging saka tatake ati, unggah – ungguh lan kapribadiane. Duh Gusti, aja sampek katresnan iki bakal dadi kelaran ing ati.
Aku wis telat. Apa sing dak karepake wis tamat. Katresnanku sing tak rumat saiki dadi ngadat. Kahanan kang endah iku saiki mung kari angenan. Iki kabeh pancen salahku. Sepurane yen aku wis gawe lara atimu. Mung kebak pangapura ing jroring dada. Sepura, sepura lan sepura. Aku ora bisa ngobati lara ning atimu. Mung siji pangarepanku, muga sliramu nemoni wong kang luwih becik saka aku. Wong kang wis mblenjani rasa ning ati iki. Amarga mung pengen nambah awete kekancan. Lan saiki? Kahanan sing tak arep – arep mung dadi lamunan. Mung siji sing tak elingi, soroting mripatmu lan endahing esemmu. Lan kabeh kedadean iki mung ninggalake cetha ning ati. Cetha sing dak sengaja lan catu sing dak trima.
Kabeh kedadean iku mulane saka pitakone Kinar, kancaku.
“Ren temenan ta yen awakmu pacaran karo Ryan?” sawise aku krungu pitakonane Kinar, aku mung bisa meneng lan mbisu. Saiki, apa sing kudu dak lakoni? Durung mari anggonku nglamun, Kinar nyenggol tanganku.
“Kok gak dijawab? Apa sing kok delikake teka aku? Awakmu ora percaya marang aku?”
“Aku lan Ryan mung kekancan.”
“Nanging piye yen dheweke tresna marang awakmu? Apa awakmu nduweni rasa sing padha?”
“Rasa sing padha?”
“Wislah aja ngapusi, aku ngerti yen awakmu ya tresna marang Ryan.”
“Sapa sing ngomong? Aku mung nganggep dheweke kanca ora luwih.”
“Apa awakmu temenan karo omonganmu?”
“Iya pancen kuwi sing dak rasakake saiki.”
Aku mung bisa ngomong kuwi. Aku lara amarga mung bisa blenjani atiku dhewe. Nanging pancen iki sing dak karepake. Mulane kita kekancan lan ing tembe mburine ya panggah kekancan. Mung bisa nyanding lan nyawang eseme tanpa ngerti atine, iku wis cukup gawe tentreme ati. Aku ora gelem lara ati yen nyatane dheweke ora nduweni rasa sing padha kaya sing dak rasakake. Aku mung ora gelem yen aku njalin katresnan karo Ryan, kekancananku karo dheweke bakal ambyar. Ujug – ujug Ryan teko karo mrengut.
“Aku isih ora percaya karo apa sing kok omongake mau. Dak kira awakmu tresna marang aku, tapi nyatane awakmu mung nglarani atiku. Tresna sing wis dak pendem bakal ajur lan mabur karo rasa lara sing dak rasakake saiki. Terus apa gunane awakmu menehi aku perhatian luwih, mesti ana ning sandingku pas aku kelaran. Tapi nyatane saiki malah awakmu sing dadi sumber lara ning jero atiku.”
“Aku ora nduweni maksut kaya ngono.”
“Pancen pener omongane Kinar. Luwih becik nampa wong sing tulus tresna marang aku tinimbang ngenteni wong sing ora pantes dienteni. Aku lali yen ana wong liya sing mesti ing sandingku, ndukung apa ae rencanaku, lan setya ngenteni aku yaiku Kinar.”
Ryan banjur ngomong seneng marang Kinar ning ngarep mripatku tanpa ngerteni rasaku sing nyata ning dheweke. Nanging aku ora bisa nglakoni apa – apa. Pancen iki sing dak karepake. Mung iluhku sing dadi saksi lara ning ati lan rasa tresna sing wis dak blenjani.
“Saiki aku pancen durung bisa mbales rasa tresnamu tapi aku bakal nyoba nampa awakmu lan rasa tresnamu. Mulai saiki aku pengin ing sandingmu kaya awakmu sing mesti ana ning sandingku. Aku bakal nampa awakmu apa eneke, aku gelem cedhak karo awakmu duduk gara – gara ayumu nanging gedhene rasa tresna ning atimu lan kasetyaanmu.”
Tanpa mikir dowo Kinar langsung nampa Ryan. Lan iku sing gawe atiku tansaya remuk. Durung mari larane atiku.Saiki malah ketambahan nyawang dheweke njalin katresnan karo wanita liya, sing dak kenal ning ngarepe mata. Nasib… nasib…
Awit Ryan lan Kinar bebarengan, aku mulai mangerteni apa artine tresna. Sawise aku ora bisa sesandingan maneh lan dheweke bungah karo wanita liya.
Esem sing saben dina dak anti – anti
Saiki mung bisa dak kangeni
Soroting mripat sing gawe tentrem ning ati
Saiki kudu bisa dak blenjani
Rasa tresna kang mung dadi angen – angen
Saiki banjur ajur lan mabur dhuwur bareng iluh sing nyata

BACA JUGA :   Kamu Harus Berhenti Membenci Orang Lain Dari Sekarang

Durung nganti garing catu sing ning atiku
Tego – tegone sliramu nambahi loro bathinku
Aku ora percaya nanging kabeh iki nyata
Cetha ning ngarepe mata yen sliramu kuwi cidro
Yen aku ngrungokake lagu kuwi, aku mesti kelingan kedadean sing gawe remuke ati. Kedadean sing aku mung bisa nyawang Ryan bebarengan karo Kinar.
Apa wis ora kelingan rasa tresna sing biyen mung gawe aku, sineksen sinar rembulan tresnamu mung kanggo aku. Nanging critane saiki wis bedo amarga mung bisa nyawang awakmu sesandingan karo wanita liya. Esem sing biyen mung kanggo aku, saiki dadi dhuweke wong liya.Wong sing saiki wis bisa ngobati lara atimu amarga aku.
Aku lungguh ning pojok taman karo kelingan kabeh kedadean sing tak sawang mau. Lara lan remuk atiku. Saben aku mlaku aku mesti kelingan Ryan, wong sing biyen tau ngisi atiku lan sampek saiki panggah mancep ning atiku masio dheweke wis dadi nduwene wong liya. Jujur aku kangen kahanan sing biasane dak lakoni karo Ryan. Saiki duduk mung Ryan sing tak anti – anti nanging ora ngerti nyapo aku ya kangen karo Kinar. Wong sing mesti enek ning sandingku lan gelem ngrungokake critaku. Kanca sing paling cedhak karo aku lan tanpa sengaja wis nglarani atiku.
“Remuk atimu nanging tatak pikiranmu.”
Suara kuwi? Aku kaya tau krungu suara kuwi? Tapi sapa? Lan ning ngendi? Pas aku noleh menyang mburi. Ana wong sing dak kangeni. Wong sing wis dak anggep mbakku dhewe.
“Kinar?”
Kinar mung bisa mesem lan ngrangkul aku.
“Sepurane, aku wis ngrebut Ryan saka awakmu. Aku ngerti yen awakmu ya tresna marang Ryan tapi pangakon sing kok omongake kae wis gawe cetha ing jroning atine Ryan lan aku ora bisa mbendung rasa tresnaku marang dheweke. Senadyan ndisek awakmu gelem nampa Ryan, aku bakal mundur lan lilo yen awakmu sesandingan karo dheweke.”
“Nanging nyatane aku wis mblenjani rasa tresnaku marang dheweke. Pancen bener omonganmu, remuk atiku nanging tatak pikiranku. Kabeh pancen salahku. Cetha disengaja catu dadi nyata. Mung iku sing dak rasakeka nalika nyawang awakmu sesandingan karo dheweke. Nanging iku pancen sing dak karepake. Saiki mung pangapura sing dak butuhake. Rasa salah iki nambahing sesak ning ati.”
“Aku bakal ngewangi awakmu supaya entuk pangapura saka Ryan. Pancen angel ngelangake rasa tresna lan saiki aku ngrasa yen dheweke isih tresna marang awakmu. Ragane pancen sesandingan karo aku nanging atine mung kanggo awakmu.”
“Terus apa sing kok karepake?”
“Apa awakmu bisa bebarengan lan sesandingan maneh karo dheweke?”
“Apa maksutmu? Aku wis sepisan gawe laraning atine Ryan. Aku ora gelem mbaleni maneh. Dheweke wis milih awakmu lan sak lawase bakal karo awakmu. Aja gawe cetho ning atine maneh. Aku wis tau nglarani atine, aja sampek awakmu mbaleni apa sing dak lakoni.”
“Tapi apa dheweke bisa nampa aku?”
“Yen dheweke wis milih awakmu suwi – suwi dheweke bakal tresna marang awakmu. Aku pancen isih tresna marang dheweke. Nanging aku ora bisa sesandingan karo dheweke. Tulong jaganen atine lan aja nglarani dheweke kanggo tresnaku lan kasetyaanmu. Ing tembe mburine tresna bakal nemoni ati sing dikarepake.”

Bagikan Yok!
%d blogger menyukai ini: